Senin, 03 Maret 2014

Sesorah Bahasa Jawa



Sesorah Perpisahan Kelas 9

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP Negri 2 Godean
Bapak, ibu guru ingkang dhahat kinabekten
Kanca sedaya saha adhik kelas ingkang kula tresnani
Mangga sederengipun nglajengaken acara, kula lan panjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahma lan hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan.

Para rawuh ingkang kula kurmati.
Salajengipun kula minangka wakil saking siswa kelas IX sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak / ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga kula sakanca saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi-mugi bapak, ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, Amin.

Bapak, ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula kurmati, sekedhap malih kula sedaya kanca-kanca ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung kawonten kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken bapak/ibu guru saha adhik-adhik kelas sedaya.

Kula sakanca nglenggena bilih asring sanget sami damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila, kula atas nami siswa kelas 9C nyuwun agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing berkah pangestunipun Bapak saha Ibu guru, supados kula sakanca badhe nglajengaken sekolah lan dipunparingi gampil anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.

Kula sakanca tansah nyenyuwun lan dedonga mugi adhik-adhik sedaya saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Para rawuh ingkang kula kurmati.
Mekaten ingkang saged kula haturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, prawila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap gangsuling atur, kula nyuwun angunging pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar